Welcome to pkbmassafarwadi.com!

LAKON WAYANG PRABU PRAGOLA PATI (CARANG DINAPUR CARITA)(Kawruh sepala dening Sri Harto Jati)

Saya ageng angkarane prabu Belgeduel beh jumbuh karo arane Bel duwel karepe Gembela dedel duela kabeh saben gundul dipajegi tagih wangsuli gedek digebuki, mbudheg tuli kuping wajang ora ngrewes panjerite kawula alit.

Eling-eling nggone dadi raja nglirwakake titipan awujud jamus kalima sada saking Bambang Priyembada anggone saged nyepeng Duratmaka dewi Mustika weni maling..
Dititipi barang malahan dimaling maneh

Myat Srinata Dwarawati sowan ing kalurahan karang kedempel ya karang tumaritis nyuwun sabyantune ki lurah Semar badranaya wanda Dukun uninga duduk dunungi unaning uni.
Makaten sabdane Sang Dukun duduk lungguhe sangkane uni.

Semar: ” Mel…mel sakdulita lae…lae…., Sinuhun Dwarawati rawuhipun kang nemu sungkawa badhe kula dukuni kapurih lejar penggalihmu..lha

Dununge ontran-ontran perkara nyekel maling simustaka weni barang malinge dititipke malah digawa mlayu..
Nadyan amung dluwang saklembar kang aran jamus kalimasada kasektene bisa ngesat segara ngrata gunung gunduli wana lan dadi ratu kuwasa tanpa kira-kira.
Sakdurunge layang Jamus Kalimasada lahir luwih dhisik lahir dangkel wit garu saka lemah nela pating brocel wujude sinabda dadi manungsa aran GARENG, Gareng takdaku anak menang diadu mungsuh prabu Kala singa-singa.

Lagi lakon dumadine Jamus Kalimasada, prabu Kalimantara lumawan bambang Sakutrem(resi wasista) kena gendame Bambang Sekutrem sanalika Kalimantara dadi pustaka jamus.”

Grahita prabu Sri Bathara Kresna animbali Punakawan Nala Gareng kadandanan cara Nalendra aran Prabu Pragola Pati tinanggenah lumuruk perang dhateng Nusa Kencana anyeret bebandane prabu Bel geduwel beh.
Prabu Prabolapati ambeta sinapati pengapit raden kembang jaya inggih raden Arjuna tuwin Raden Sapayana inggih sri bathara Kresna pribadi, dumados perang ageng boten saged dipun singkiri

Prabu Belgeduelbeh: ” Ha…amuk suramata…mata hartana….mata duwiten….ngendhi-endhi wis takcakili…takcakili…takuasai tak sesep saripatine, …nganti ana ratu garing kurang buti(mangan), abot pikire kabotan utang mlorok mripate..e..e kliru matane nganti kero! pincang sikila ora kuat tuku terompah, ratu kere minggata nyeyepeti netra!”

Pragolapati;” Ora ana wong sugih ngungkuli sugihe wong narima, He…belgeduel beh…Ingsun ngerti lahirmu nanging kowe ora ngerti lahirku.
Lamun sekti sutik mateni lamun banter gemang ngungkuli. Bocah cilik2 kaliren amarga saka angkara murkamu.

Kowe iku maling lungguh blenduk wetengmu karana pokalmu dipercaya jaga layang Kalimasada mbok brandatke mlayu kanggo nyeyugih wangsamu, kianat kowe marang kawula Ngamarta !”

Prabu belgeduel beh : ” Ha….wong bodho dadi pangane wong pinter, sing bodho sing mercaya ulun….ha…ha….ulun…..ulun mangeja wantah. Ha…..yen kowe ngugemi ageman suci kudu nrima besok ing kanane nemu swarga mulya, ora usah mikir manungsa gaweane sing Kuasa, sing ngrusi mengko ya sing maha Kawasa. Wani nitahake wani nanggung bot repote.!…ha…ha… njeplak tanpa uteg…waton anggunge apik kecipratan lungguh wae blenduk waduke!”

Prabu Pragola pati: ” Aku kang dumadi saka kayu dangkel garu, kayu iku kayon, kayon iku urip, ya kayuku ya kayumu ya uripku ya uripmu ya rasaku ya rasamu, Nadyan pecah dadi pirang2 titah nanging Sang Hyang urip jumeneng anguwasani. Dadi aku kowe sejatine siji tunggal mula ngegungna rasa kamanungsan. Pada rasa pada warata, aja sugih-sugihe dhewe, apa arep urip dhewe kowe? elinga kawulamu!”

Prabu Belbeduel beh:” Ha….., gampang wae ngapusi wong ora duwe, jaluki ngapura marem atine, dipukpuk demdemdem sega sepincuk cukup kanggo ngipasi gundule, ha…..ha….:

Prabu pragolapati ” Eling-eling anak gandarwa tan weruh ing rasa, ora melu ngrasakake panjerite kawula, elinga uripmu ora nganti satus warsa ukum karma mesti teka, yen kawula pengin nyepetake bakal dititeni ditirakati dienteni, sing jenenge teluh braja las-lasan dina ampuhe magila-gila, apa maneh kawula sing prihatin tirakat ora etung awan lawan wengi apa klakon tumpes kelor sak anak turunmu? ora cukup ana donya ing delahan bakal diayun!”

Derodok salirane prabu Belbeduel beh, ambruk sanalika dadi Petruk kantong bolong.

Petruk kanthong bolong:” Adhuh sang prabu Pragolapati kula nglenggana sakehing kaluputan karana murka pepayung layang kalima sada kolu mentala nyites kawula alon-alon tan kawistara, Negara Nusa kancana kula caosaken prabu punta dewa tuwin mangsulaken layang jamus kalima sada.
Kinarya panebus dosa Kanthong bolong saguh dipidana pati.

Huk….huk…huk kaya ngene rasane ora ngerti rasa kamanungsan, Duh sang prabu mugi tinedahna dununge rasa kang satuhu.”

Pragola pati ” Gandheng sira nelangsa turta masrahake negara nusakancana iku gawe makmure negara Amarta sira oleh pangapura, yen gawe rugi ya dipidana pati.

Kawruhana rasa iku pirantine urip., ROS ROSING RASA yaiku getetane tetenger (utawa pilah-pilahng rasa tegese rasa iki ,rasa ngene, rasa ngono, rasa mau kabeh..kawengku ing rasa sawutuh.)

ROSO SEJATI yaiku rasa kang ora bisa owah gingsir. pilahing rasa sarana ros rosing rasa , rasa mau mau kabeh kelet lengket ing badan alus lan wadag..

conto..rasa kecut , legi , pedes , asin, getir , pahit , gurih ,lan liyane iku rasa ana ing rasane ilat, kalebu rasa ing badan wadag..

Ana ing kene krasan ana ing kana krasan ..ana ing ngendi2 krasan, semono uga rasa gething, rasa trisna, gemes , pegel , dendem, susah, bungah, iku mau ana ing rasane manah (ati kang kawengku pepinginan).

Rasa kojur mujur, kelingan lan ,lali, getun lila welas asih,nelangsa iku ana ngendi-ngendi ana lan uga krasa batin ya budi/angana iku kalebu Rasa kawengku cipta pikiran.

Rehne wis cetha kabeh ROS ROSING RASA Conto yen jangane kurang asin..lha iki cukup ditambahi uyah ora susah banjur pegel., lan yen pekara jangan kurang uyah bae banjur pegel ,nesu,lan muring-muring..ya iki sing di arani durung weruh marang ROS ROSING RASA..”

Badar prabu Pragolapati dados Nala Gareng , tancep kayon

Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun agunge pangaksami.

Salam budaya Rahayu rahayu mugi rahayu sagung dumadi

Aulia KAMPUNG INGGRIS Panji Mulya 05-09-2026 Situbondo

Salam kagem Eyang Triyono warung pitu2 jati kembaran skh mugi tansah sehat manggiha suka rena.

Salam kagem ibu siti handayani kepuh bedali skh mugi tansah sehat manggiha sukarena.

Salam ugi kagem keluwarga alm bapak sumardi bacem skh trah mbah mul(kasunanan) mugi tansah sehat manggiha sukarena.(sida reja 1/6 tepi sari polokarto skh)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *